
Astaghfirullah robbalbaroya…
Astaghfirulloh minalkhootooya…
Robbi zidni`ilmannaafii’a…
Wawaffikni `amalansoliha…
Yarosulallohsalammun’alaik…
Yaarofi’asaaniwaddaaroji…
`Atfatayaji rotall`aalami…
Yauhailaljuudiwaalkaromi…(2x)
Ngawiti ingsun nglarassyi’iran
Kelawan muji maringpengeran
Kang paring rohmat lankenikmatan
Rino wengine tanpopitungan (2x)
Duh bolo konco priyowanito
Ojo mung ngaji syare’atbloko
Gur pinter ndongeng nulislan moco
Tembe mburine bakalsangsoro (2x)
Akeh kang apal Qur’anhaditse
Seneng ngafirke marangliyane
Kafire dewe ndakdigatekke
Yen isih kotor ati akale(2x)
Gampang kabujuk nafsuangkoro
Ing pepaese gebyare…ndunyo
Iri lan meri sugihetonggo
Mulo atine peteng lannistho (2x)
Ayo sedulur jo nglaleake
Wajibe ngaji sakpranatane
Nggo ngandelake imantauhide
Baguse sangu mulyo matine(2x)
Kang aran sholeh bagusatine
Kerono mapan saringilmune
Laku thoriqot lanma’rifate
Ugo hakekot manjingrasane (2x)
Al-Qur’an qodim wahyuminulyo
Tanpo tinulis iso diwoco
Iku wejangan guru waskito
Den tancepake ing jerododo (2x)
Kumantil ati lan pikiran
Mrasuk ing badan kabehjeroan
Mu’jizat rosul dadipedoman
Minongko dalan manjingeiman (2x)
Kelawan Alloh Kang MohoSuci
Kudu rangkulan rino lanwengi
Ditirakati, Diriyadhohi
Dzikir lan suluk jonganti lali (2x)
Uripe ayem rumongso aman
Dununge roso tondo yeniman
Sabar narimo najanpas-pasan
Kabeh tinakdir sakingpengeran (2x)
Kelawan konco dulur lantonggo
Kang podho rukun jo gawesio
Iku sunnahe, Rosul kangmulyo
Nabi Muhammad, Panutankito (2x)
Ayo nglakoni sekabehane
Allah kang bakal ngangkatdrajate
Senajan ashor totodhohire
Ananging mulyo maqomdrajate (2x)
Lamun pralasto ingpungkasane
Ora kesasar roh lansukmane
Den gadang Allah swargomanggone
Utuh mayite ugo ulese(2x)